9 Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padununganelan tanah asin dadi pasabane.
10 Ramening kutha dipoyoki,ora krungu swarane kang nggiring;
11 banjur golek pangonan ing gunung-gunung,lan ngluru samubarang kang ijo.
12 Apa bantheng gelem teluk marang sirautawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?
13 Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan,utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?
14 Apa sira pracaya, marga gedhe karosane?Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?
15 Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira,lan nglumpukake ing papan panutonira?