18 Lah ta Gusti Allah ora pitados marang para abdine,malah sanadyan para malaekate iya kapirsan anggone kesasar,
19 apa maneh para kang manggon ing omah lempung,kang tinalesan lebu, kang padha diidak-idak nganti mati kaya renget.
20 Ing antarane esuk lan sore padha diidek-idek,lan tanpa rinasa padha sirna salawase.
21 Apa tamparing tarube ora dipedhot?Padha mati nanging tanpa kawicaksanan.