3 Lan wus akeh wong kang padha kokwulang,tangan kang jimpe wus kokkuwatake,
4 wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu,dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,
5 mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes,bareng ketaman, ruhara atimu.
6 Rak pangabektimu marang Gusti Allah kang minangka andel-andelmu,lan katemenane lakumu kang dadi pangarep-arepmu?
7 Rasakna ta: Ngendi ana wong resik kang nemu karusakan,utawa wong temen kang tinumpes?
8 Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda,iya iku uga kang diundhuh.
9 Padha tumpes dening napasing Allah,lebur dening bantering bebendune.