7 Rasakna ta: Ngendi ana wong resik kang nemu karusakan,utawa wong temen kang tinumpes?
8 Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda,iya iku uga kang diundhuh.
9 Padha tumpes dening napasing Allah,lebur dening bantering bebendune.
10 Singane nggero, singane nggereng,untune singa nom padha rampal.
11 Singa tua mati marga kekurangan memangsan,sarta anake singa wadon padha buyar.
12 Aku wus binisikan pitutur,tembung kang dibisikake iya wus tinampan dening kupingku,
13 sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi,ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,