10 “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.Iku mangan suket kaya sapi.
11 Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempengekakuwatane kang ana ing ototing wetenge!
12 Anggone ngencengake buntute kaya wit eres,otot-ototing pupune bebuletan,
13 Balung-balunge kaya pipa tembaga,ragangane kaya lantakan wesi.
14 Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;
15 gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.
16 Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,ingaling-alingan ing glagah lan rawa.