13 Balung-balunge kaya pipa tembaga,ragangane kaya lantakan wesi.
14 Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;
15 gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.
16 Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,ingaling-alingan ing glagah lan rawa.
17 Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane,sarta ingubengan ing wit truntum.
18 Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,atine iya enak-enak bae.
19 Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”