4 Apa tanganira kaya astaning Allah,lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?
5 Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran,sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!
6 Esokna nepsunira kang mulad-mulad;awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,
7 awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna.Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!
8 Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu,kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,
9 temah Ingsun bakal ngalembana marang sira,amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”
10 “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.Iku mangan suket kaya sapi.