1 Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku,lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?
2 Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet?Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.
3 Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku,bab karosane lan endahing pawakane.
4 Sapa kang bisa mbukak jubahe?Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?
5 Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme?Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.
6 Gigire awujud tameng-tameng kang santosa,kang kraket rapet kaya segel.