12 Ambekane ngobong areng,cangkeme metu genine.
13 Githoke kadunungan kakuwatan,pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
14 Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.kraket ing awake ora glembyar-glembyor.
15 Atine atos kaya watu,atose kaya watu landhesaning panggilingan.
16 Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeterdadi bingung jalaran wedi.
17 Manawa dipedhangora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.
18 Wesi dirasa kaya dami,tembaga kaya kayu gapuk.