18 Wesi dirasa kaya dami,tembaga kaya kayu gapuk.
19 Panah ora bisa nglungakake,bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.
20 Gada dianggep merangsarta sumiyuting towok digeguyu.
21 Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip,manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.
22 Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil,sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.
23 Tabeting lakune sumunar,satemah samodra kakira uwan dening wong.
24 Ing salumahing bumi ora ana kang madhani,iku makhluk kang ora kadunungan wedi.