8 kang siji kelet karo sijinecathok-cinathok ora kena kapisah.
9 Samangsa wahing metu sunare,matane kaya pletheking bangbang wetan.
10 Cangkeme metu obore,lan nyemburake geni kang pating pletik.
11 Lenging irunge metu kukusekaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.
12 Ambekane ngobong areng,cangkeme metu genine.
13 Githoke kadunungan kakuwatan,pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
14 Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.kraket ing awake ora glembyar-glembyor.