12 Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.
13 Anake kang lanang pitu lan kang wadon telu.
14 Anake wadon mau kang dhisik dijenengake Yemima, kang kapindho Kesia, lan kang katelune Keren-hapukh.
15 Ing sanagara ora ana wong wadon kang ayune kaya anak-anake Ayub, kabeh padha dipandumi warisan dening bapakne padha kaya sadulure lanang.
16 Sawuse kelakon kang kasebut ing dhuwur iki, Ayub kaganjar umur maneh satus patang puluh taun sarta menangi anak-putu nganti patang turunan.
17 Patine Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggone ngrasakake uripe.