1 Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2 “Adhuh muga karubedanku katrajua kalawan patitis,sarta kasrakatanku sinelehna ing timbangan!
3 Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara;mulane metune tembungku sasar-susur.
4 Marga jemparinge Kang Mahakuwasa padha tumancep ing awakku,ampuhe sinesep ing nyawaku;aku tinempuh ing pagiris kang saka ing Allah.
5 Kuldi alasan apa iya gereng-gereng ana ing pasuketan ijo,sapi apa iya mbengah-mbengah ana ing ngarepe pakane?
6 Barang kang cemplang rasane apa dipangan tanpa uyah,utawa putihing endhog apa ana rasane?
7 Ndemok bae aku ora sudi,tumrap aku iku pangan kang ngunek-uneki.