22 Apa aku tau kandha: Nggawaa oleh-oleh,sarta: Aku wenehana dhuwit reruba saka bandhamu,
23 utawa: Aku luwarana saka tangane kang nganiaya,lan: Aku tebusen saka tangane kang misesa?
24 Aku wulangen, temah aku bakal meneng;aku sumurupna kang dadi kaluputanku.
25 Iba gedhene sawabe pitutur kang jujur!Nanging apa tegese pamelehmu iku?
26 Apa karepmu iku nacad tembung?Apa tembunge wong kang entek pangarep-arepe iku dianggep angin?
27 Malah kowe padha mbuwang undhi tumrap marang bocah lola,dene mitramu kokdadekake barang dagangan.
28 Nanging saiki aku sawangen;aku rak ora bakal ngapusi kowe.