3 Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara;mulane metune tembungku sasar-susur.
4 Marga jemparinge Kang Mahakuwasa padha tumancep ing awakku,ampuhe sinesep ing nyawaku;aku tinempuh ing pagiris kang saka ing Allah.
5 Kuldi alasan apa iya gereng-gereng ana ing pasuketan ijo,sapi apa iya mbengah-mbengah ana ing ngarepe pakane?
6 Barang kang cemplang rasane apa dipangan tanpa uyah,utawa putihing endhog apa ana rasane?
7 Ndemok bae aku ora sudi,tumrap aku iku pangan kang ngunek-uneki.
8 Ah, muga-muga panyuwunku kabul,Gusti Allah muga karsa paring kang dadi pangarep-arepku!
9 Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku,ngagagake astane sarta nguwisi uripku!