8 Ah, muga-muga panyuwunku kabul,Gusti Allah muga karsa paring kang dadi pangarep-arepku!
9 Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku,ngagagake astane sarta nguwisi uripku!
10 Iku kang isih dadi panglipur tumrap aku,malah aku bakal lincak-lincak marga saka bungahku.ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku,sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.
11 Sapira ta kakuwatanku, kok aku bisa tahan,lan apa ta wekasaning awakku, kok aku isih kudu nyabarake?
12 Apa kakuwatanku iku kaya watu?Apa dagingku kaya prunggu?
13 Rak wus ora ana pitulungan babar pisan tumrap aku,lan kaslametan wus adoh saka aku?
14 Wong kang ora welas marang pepadhane,iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.