1 “Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang,etungane umure kaya dinane wong buruh?
2 Kaya upamane batur kang kapengin marang panggonan eyub,utawa kaya buruh nganti-anti marang buruhane,
3 iya mangkono anggonku ginanjar pirang-pirang sasi kebak cilaka,sarta pirang-pirang bengi kebak pekewuh.
4 Samangsa aku mapan turu pangucapku:Besuk apa aku bakal bisa tangi?Mangka bengine mulur dawa,gawe sayah anggonku ngolang-ngaling nganti tumeka wayah repet-repet.
5 Awakku ketutupan set lan kokot-bolot,kulitku pating prentul, kang banjur mecah metu jitahe.
6 Dina-dinaku rikate ngungkuli troponging tenunan,ilange tanpa ninggal pangarep-arep.
7 Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih gesang kawula punika namung abab kemawon,sarta mripat kawula boten badhe ningali ingkang sae malih.