18 Paduka tuweni saben enjing,sarta saben-saben Paduka cobi?
19 Benjing punapa anggen Paduka boten badhe migatosaken kawula malih,saha ngeculaken kawula, satemah kawula saged ngulu idu kawula?
20 Manawi kawula damel dosa, Paduka sampun kawula punapakaken,dhuh Allah, ingkang njagi manungsa?Kadospundi dene kawula Paduka dadosaken lesan,ngantos ngrekaos anggen kawula ngrembat badan kawula piyambak?
21 Saha punapa sababipun dene Paduka boten karsa ngapunten kalepatan kawula,tuwin boten karsa ngicali duraka kawula?Amargi mangke kawula badhe tilem wonten ing siti,sarta Paduka lajeng badhe madosi kawula, nanging kawula sampun boten wonten malih.”