1 Tumuli Bildad wong Suah mangsuli, calathune:
2 “Nganti pira lawase anggonmu duwe ujar mangkono iku,sarta tembunging tutukmu kaya angin gedhe iku?
3 Apa iya Gusti Allah kok mbengkokake kaadilan?Apa iya Kang Mahakuwasa kok mbengkokake kabeneran?
4 Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane,mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.