4 Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane,mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.
5 Nanging manawa anggonmu ngupaya Gusti Allah,sarta nyuwun sih-piwales marang Kang Mahakuwasa,
6 anggere kowe resik lan temen,Panjenengane mesthi banjur wungu lan mitulungi kowe,tuwin ndandani omah kang dadi wewenangmu.
7 Satemah kaananmu kang wiwitan bakal katon asor,dene kaananmu kang wekasan bakal dadi mulya banget.
8 Takona ta bab wong-wong jaman biyen,lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.
9 Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa,awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan.
10 Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe,tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.