1 Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing tanah Mesir, tekane ndherek Rama Yakub; siji-sijine karo brayate:
2 Ruben, Simeon, Lewi lan Yehuda,
3 Isakhar, Zebulon lan Benyamin,
4 Dhan lan Naftali, Gad lan Asyer.
5 Turune Rama Yakub iku gunggunge kabeh ana pitung puluh, nanging Sang Yusuf wus ana ing tanah Mesir.
6 Sang Yusuf tumuli seda, dalah para sadhereke lan kabeh barakane.
7 Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.
8 Nuli ana raja anyar kang jumeneng mengku tanah Mesir, kang ora mirsa bab Sang Yusuf.
9 Iku banjur ngandika marang para kawulane: “Bangsa Israel iku akeh banget, cacahe nganti ngungkuli kita.
10 Mulane payo padha golek rekadaya, supaya aja nganti wuwuh akeh maneh lan saupama ana peperangan aja nganti mbiyantu mungsuh kita, sarta merangi kita, banjur minggat saka nagara kene.”
11 Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.
12 Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.
13 Wong Mesir anggone ngetrapi pagawean marang wong Israel banjur kanthi daksiya,
14 uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.
15 Sang Raja ing Mesir uga dhawuh marang bidhan-bidhan kang nulungi wong wadon Ibrani, kang siji jenenge Sifra sijine Pua, pangandikane:
16 “Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”
17 Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.
18 Sang Raja ing Mesir banjur nimbali bidhan-bidhan mau sarta padha didangu: “Yagene sira tumindak mangkono, isih nguripi bayi-bayi iku?”
19 Unjuke bidhan-bidhan iku marang Sang Prabu Pringon: “Kauningana, tiyang estri Ibrani punika boten sami kaliyan tiyang estri Mesir, sami kiyat-kiyat; saderengipun bidhan dhateng, bayi sampun lair.”
20 Marga saka iku Gusti Allah banjur paring kamirahan marang bidhan-bidhan mau, dene bangsa iku saya wuwuh akeh maneh nganti tikel-matikel.
21 Sarehne bidhan-bidhan iku padha ngabekti marang Gusti Allah, mulane padha dilestarekake turune.
22 Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”