1 Anadene Imam Yitro, imam ing Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, wus miyarsa bab samubarang kang wus ditandukake dening Gusti Allah marang Nabi Musa lan Israel umate, iya iku yen Pangeran Yehuwah wus ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir.
2 Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa mau nuli mbekta Ibu Zipora, garwane Nabi Musa, kang biyen wus dikondurake,
3 mangkono uga putrane kakung loro, kang siji nama Gersom, awit pangandikane Nabi Musa: “Aku wus dadi wong neneka ana ing ngamanca,”
4 lan sijine nama Eliezer, awit pangandikane: “Gusti Allahe bapakku iku kang mitulungi aku, aku diuwalake saka ing pedhange Sang Prabu Pringon.”
5 Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,
6 banjur utusan matur marang Nabi Musa: “Aku, Yitro, mara-tuwamu, teka mrene tilik sliramu karo kang rayi lan kang putra-putra.”
7 Nabi Musa banjur medal methukake mara-sepuhe, sumungkem lan ngaras; sawuse bage-binage mungguh ing bab kasugengane, banjur padha lumebu ing tarub.
8 Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.
9 Imam Yitro rena panggalihe mireng bab sakehe kamirahan kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, yaiku anggone wus ngluwari saka ing tangane wong Mesir.
10 Pangandikane Imam Yitro: “Pinujia Pangeran Yehuwah kang wus ngluwari sliramu kabeh saka ing tangane wong Mesir lan saka ing astane Sang Prabu Pringon.
11 Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”
12 Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.
13 Kacarita esuke Nabi Musa lenggah ngadili bangsa mau, lan wong akeh mau padha ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, wiwit esuk nganti tekan sore.
14 Bareng mara-sepuhe Nabi Musa mirsa apa kang ditindakake tumrap wong akeh mau, tumuli ngandika: “Apa iki kang koktindakake marang wong-wong iku? Yagene dene sliramu dhewe kang lenggah, lan wong kabeh padha ngadhep marang sliramu wiwit esuk nganti tekan sore?”
15 Atur wangsulane Nabi Musa marang kang rama mara-sepuhe: “Tiyang kathah punika anggenipun murugi kula badhe pitaken bab karsanipun Gusti Allah.
16 Manawi wonten ingkang prakawisan, lajeng sami murugi kula supados kula damel pancasan tumrap tiyang satunggal kaliyan satunggalipun; kajawi punika inggih kula tedahi pranatan saha putusan-putusanipun Gusti Allah.”
17 Nanging mara-sepuhe Nabi Musa ngandika: “Ora prayoga kang koktindakake iku!
18 Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhewe iya wong kang padha ndherek sliramu; marga pagawean iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhewe bae ora bakal keconggah nindakake.
19 Mulane saiki dakaturi mirengake tembungku, aku arep ngaturi pamrayoga marang sliramu sarta Gusti Allah bakal nunggil karo sliramu. Sliramu dakaturi makili bangsa iki ana ing ngarsane Gusti Allah lan nglantarake prakarane marang Gusti Allah.
20 Sabanjure sliramu dakaturi maringi piwulang bab sakehe pranatan lan putusan sarta dakaturi nedahake dalan kang kudu diambah sarta ayahan kang kudu dilakoni.
21 Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sepuluh.
22 Iya wong-wong iku kang kudu ngadili marang umat ing samangsa-mangsa; prakara kang gedhe iku diladekna marang sliramu, nanging prakara kang cilik-cilik padha dirampungana dhewe; sarana patrap mangkono wong-wong mau padha ngenthengake ayahanmu, lan padha ngrewangi tanggung-jawab.
23 Yen sliramu tumindak mangkono, mangka Gusti Allah karsa njurungi, sliramu bisa lestari kuwat nandangi, sarta wong sabangsa kabeh bakal padha bali menyang panggonane kanthi lega lan marem.”
24 Nabi Musa ndhahar rembage kang rama mara-sepuhe lan nindakake apa kang dadi pangandikane mau.
25 Dadine Nabi Musa tumuli milih wong saka panunggalane bangsa Israel kang sembada, padha ditetepake nglurahi bangsa iku, ana kang nglurahi wong sewu, wong satus, wong seket lan wong sapuluh,
26 padha kapatah ngadili umat ing samangsa-mangsa, prakara kang angel diaturake marang Nabi Musa, nanging prakara kang gampang dirampungi dhewe.
27 Sawuse mangkono Nabi Musa banjur pepisahan karo kang rama mara-sepuh, sarta iku banjur kondur menyang ing nagarane.