1 Ing kono Nabi Musa lan wong Israel padha ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah, mangkene:“Dakngidung konjuk ing Pangeran Yehuwah,awit linuwih kaluhuranejaran lan kang nunggangi padha kacemplungake ing sagara.
2 Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku,kang dadi kaslametanku.Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana,Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.
3 Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang;Yehuwah, yaiku asmane.
4 Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara,para prawirane kang pilihanpadha diklelebake ana ing sagara Teberau.
5 Padha katutupan ing samodra gedhe,kelem prasasat watu ana ing banyu kang jero.
6 Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Padukadhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.
7 Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung,Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka;Paduka nglepasaken latuning bebendu Padukaingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.
8 Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhungsadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan.Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.
9 Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan;hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku,pedhangku dakunuse;bakal padha katumpes dening tanganku.
10 Paduka lajeng ndhatengaken prahara, temah sami katutupan ing saganten;sami kelem kados timah wonten ing toya ingkang ngedab-edabi.
11 Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allahsinten ingkang nyameni Paduka;sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka,ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur?Paduka nindakaken kaelokan.
12 Paduka ngegaraken asta Paduka tengen;temah lajeng sami inguntal dening bumi.
13 Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka;saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.
14 Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter;makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.
15 Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger,para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris;tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.
16 Sami kataman miris lan ajrih,ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka,dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka,ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.
17 Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak,ing panggenan ingkang Paduka agemdados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah;ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.
18 Pangeran Yehuwah ingkang ngereh langgeng ing salami-laminipun.”
19 Nalika jarane Sang Prabu Pringon lan kretane dalah balane jaranan padha mlebu ing sagara, nuli Pangeran Yehuwah nangkebake banyune sagara maneh, temah padha kleleb, balik wong Israel padha ngambah gasikan ana ing tengahe sagara.
20 Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.
21 Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose:“Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah,awit linuwih kaluhurane,jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”
22 Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.
23 Banjur padha tekan ing Mara, nanging banyu ing Mara kono ora kena diombe, marga pait, mulane panggonan kono iku katelah aran Mara.
24 Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”
25 Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,
26 pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”
27 Sawuse mangkono banjur padha tekan ing Elim, ing kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh, banjur padha leren ing sandhinge sendhang-sendhang mau.