Pangentasan 14 JAV

Tumindake Sang Prabu Pringon kang wekasan

14:1-14

1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

2 “Wong Israel iku padha sira prentahana supaya bali lan nuli padha lerena ana sawetane Pi-Hakhirot ing saantarane Migdol karo sagara, kaprenah penere Baal-Zefon ing pinggir sagara.

3 Ing kono pringon bakal ngarani yen Israel padha bingung kesasar ana ing nagara kene, padha kapepetan ing pasamunan.

4 Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.

5 Bareng Sang Prabu Pringon kaunjukan pawarta, yen bangsa iku wus minggat, nuli Sang Prabu Pringon salin panggalihe, mangkono uga para abdine tumrap bangsa iku lan padha sapocapan: “Yagene kita kok padha nglakoni mangkono? Nganti nglilani Israel padha lunga, dadi wus ora ngawula marang kita?”

6 Sang Prabu Pringon banjur ngrakit kretane sarta ngumpulake wadya-balane,

7 mbekta kreta pilihan nematus, malah sakehe kreta satanah Mesir kabeh, padha ditunggangi dening para panggedhening prajurit.

8 Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir itu, temah banjur nututi wong Israel, nanging wong Israel lumaku terus kalawan katuntun dening asta kang luhur.

9 Anadene wong Mesir, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir sagara, cedhak Pi-Hakhirot ing sangarepe Baal-Zefon.

10 Bareng Sang Prabu Pringon wus cedhak, wong Israel padha sumurup yen bala Mesir padha nututi, temah padha banget wedine, ing kono wong Israel padha sambat-sambat marang Sang Yehuwah,

11 sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?

12 Kula rak sampun sami matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: Kula mugi panjenengan kendelaken kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan pejah wonten ing pasamunan punika.”

13 Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.

14 Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”

Nyabrang ing sagara Teberau

14:15-31

15 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Yagene sira sesambat marang Ingsun? Wong Israel padha prentahana supaya padha mbanjurake lakune.

16 Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.

17 Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.

18 Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”

19 Sang Malaekate Gusti Allah kang maune tindak ana ngarepe bala Israel, banjur pindhah tindak ana ing burine, lan tugu mega iya mangkono uga, mingsed saka ngarep banjur ngadeg ana ing burine.

20 Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.

21 Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.

22 Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.

23 Bala Mesir banjur ngoyak nututi, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon tuwin balane jaranan padha lumaku nganti tekan ing satengahe sagara.

24 Bareng wayah bangun esuk, Pangeran Yehuwah mirsani wadya-bala Mesir saka ing tugu geni lan mega, bala Mesir mau tumuli dikisruhake.

25 Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”

26 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira acungna ing sadhuwure sagara, supaya banyune nangkeb pulih ngelebi wong Mesir dalah kreta lan balane jaranan.”

27 Nabi Musa tumuli ngacungake astane ing sadhuwure sagara, bareng esuk banyune pulih kaya maune. Wong Mesir padha lumayu papagan karo baline banyu; kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah nglelebake wong Mesir ing tengahing sagara.

28 Marga banyu mau bareng tempuk pulih kaya maune nglelebake kreta lan balane jaranan sabalane Sang Prabu Pringon kabeh, kang padha nututi mlebu ing sagara; ora ana wonge siji-sijia kang isih urip.

29 Balik lakune wong Israel iku lestari ana ing gasikan ing satengahe sagara, sarta banyune prasasat dadi tembok ngamping-ampingi ana ing kiwa lan tengene.

30 Mangkono Pangeran Yehuwah ing dina iku anggone ngluwari wong Israel saka ing tangane wong Mesir, dene wong Israel padha ndeleng wong Mesir wus padha mati ngglasah ana pinggir sagara.

31 Wong Israel bareng nyipati gedhening pandamele Pangeran Yehuwah kang ditandukake marang wong Mesir, bangsa iku nuli padha wedi marang Pangeran Yehuwah sarta kumandel marang Pangeran Yehuwah lan marang Nabi Musa abdine.