1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon sarta sira matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Ibrani makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun.
2 Margi saupami panjenengan dalem boten karsa nglilani kesahipun, sarta taksih panjenengan dalem kekahi kemawon,
3 lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.
4 Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”
5 Anadene Pangeran Yehuwah nemtokake wektune, pangandikane: “Sesuk anggone Pangeran Yehuwah bakal nindakake prakara iku ana ing nagara kene.”
6 Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.
7 Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.
8 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Sira padha njupuka angus ing pawon paleburan sagegem kebak, lan Musa banjur nyawurna angus mau ing awang-awang ana ing ngarepe Pringon.
9 Angus iku bakal malih dadi bledug lembut nyrambahi satanah Mesir kabeh, iku bakal njalari anane memala wudun kang mecah dadi koreng, ngenani manungsa lan kewan ing sawratane tanah Mesir.”
10 Nabi Musa lan Rama Harun banjur mundhut angus saka ing pawon paleburan, tumuli jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, anguse tumuli disawurake ing awang-awang dening Nabi Musa, temah ana memala wudun kang mecah ngoreng thukul ing badane manungsa lan kewan.
11 Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.
12 Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
13 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sesuk sira tangia kang esuk, sebaa marang ngarsange Pringon sarta matura: Pangeran Yehuwah Allahipun tiyang Ibrani ngandika makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga supaya saos pangabekti marang Ingsun.
14 Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.
15 Satemene saupama Ingsun karsa ngagagake astaningSun sarta nggebag marang sira lan para kawulanira kalawan pageblug, mesthi sira wus katumpes sirna saka bumi.
16 Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.
17 Saprene sira tansah ngalang-alangi umatingSun, ora sira lilani lunga.
18 Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.
19 Kang iku kewan-kewanira lan sabarang darbekira kang ana ing ara-ara, padha sira gawanana menyang panggonan kang njalari slamete; sakehe manungsa lan kewan, kang ana ing ara-ara kang ora nglumpuk ana ngomah, bakal katiban udan es iku, satemah bakal padha mati.”
20 Para abdine Sang Prabu Pringon kang rumangsa wedi marang pangandikaning Sang Yehuwah, iku nuli padha akon batur-bature lan kewane mlebu ngomah.
21 Balik kang ora maelu marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, padha ngetogake bae batur-bature lan kewane ana ing ara-ara.
22 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana udan es tumurun saka ing langit mratani satanah Mesir kabeh, ngenani manungsa, kewan lan tetuwuhan ing ara-ara ing tanah Mesir.”
23 Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.
24 Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.
25 Udan es mau ngrusak samubarang kang ana ing ara-ara, ing sawratane tanah Mesir, iya manungsa iya kewan, mangkono uga ngrusak sawarnane tanem-tuwuh kang ana ing ara-ara lan ngesolake sakehe wit-witan.
26 Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.
27 Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.
28 Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”
29 Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.
30 Nanging menggah panjenengan dalem saha para abdi dalem, kawula sumerep taksih dereng sami ajrih dhateng Pangeran Yehuwah Allah.”
31 -- Anadene kang rusak iku tanduran rami lan sair, marga saire lagi metu wulene, lan ramine mbeneri kembang.
32 Nanging mungguh gandum lan juwawut iku ora nganti rusak, marga durung tumeka ing titi mangsane. --
33 Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.
34 Bareng Sang Prabu Pringon mirsa, yen udan, udan es lan gludhug wus padha leren, tumuli nerusake anggone damel dosa, sarta mangkotake panggalihe, iya panjenengane iya para abdine.
35 Galihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temah ora nglilani lungane wong Israel, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.