1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun ana ing tanah Mesir:
2 “Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitane sakehing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira.
3 Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.
4 Nanging saupama cempe siji iku kakehan kanggo brayat siji, iku wonge nglumpuka karo tanggane kang cedhak miturut jiwane. Mungguh cempe iku kira-kiranen sapira tadhahe siji-sijine wong.
5 Cempe mau kudu lanang, tanpa cacad, umure sataun, kena milih wedhus gembel utawa wedhus lumrah.
6 Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.
7 Getihe salong kajupuka kausarna ing dhempele lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwure, ing saben omah kang dianggo mangan cempe iku.
8 Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.
9 Ora kena dipangan mentahan utawa godhogan; mesthi panggangan tekan endhase, sikile dalah jeroane pisan.
10 Iya ora kena nganti turah tekan esuk; apa kang isih turah, esuke kudu diobong!
11 Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.
12 Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.
13 Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.
14 Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.
15 Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.
16 Sira nganakna kumpulan kang suci, ing dina kang kapisan, mangkono uga ing dina kang kapitu; ing dina loro iku ora kena wong nyambut gawe apa-apa, kejaba mung apa kang perlu padha dipangan, mung iku kang kena sira cawisake.
17 Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.
18 Ing sasi kapisan tanggale ping patbelas wayah sore, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah sore.
19 Sajroning pitung dina lawase ora kena ana ragi ing omahira, sing sapa mangan sadhengah kang mawa ragi, wong iku kasirnakna saka ing pasamuwane Israel, dadia wong bangsa liya, dadia wong bumi.
20 Apa bae kang mawa ragi aja sira pangan; ana ing ngendi bae dunungira sira mangana roti tanpa ragi.”
21 Nabi Musa tumuli nimbali sakehe tuwa-tuwane Israel sarta padha didhawuhi: “Padha lungaa, njupuka wedhus kanggo brayat-brayat reh-rehanmu, banjur padha nyembeleha cempening Paskah.
22 Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.
23 Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.
24 Prakara iku padha tetepana, gawenen pranatan kanggo kowe dhewe lan kanggo anak-putumu ing salawase.
25 Besuk samangsa kowe wus padha lumebu ing tanah kang bakal kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang kowe, kaya kang wus dadi prasetyane, tatanan pangibadah iki tetepana!
26 Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?,
27 tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.
28 Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.
29 Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.
30 Ing bengi iku Sang Prabu Pringon banjur wungu, samono uga para abdine lan sakehe wong Mesir, sarta keprungu panjerite wong Mesir, sabab ora ana omah siji-sijia kang ora kepaten.
31 Bengi iku uga Sang Prabu Pringon nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe: “Sira padha mangkata, metua saka antarane bangsaningsun, iya sira, iya wong Israel kabeh, wis padha lungaa, saosa pangabekti marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi panyuwunira.
32 Wedhus lan sapinira padha sira gawanana, kaya kang dadi aturira, gek endang padha lungaa lan ingsun suwunna berkah.”
33 Anadene wong Mesir iya padha neseg kanthi adreng marang bangsa iku, supaya padha enggala lungga saka ing tanahe, awitdene pangucape: “Mengko kita kabeh mesthi padha mati!”
34 Bangsa iku anggone nggawa jladrene durung nganti dirageni, dadi jladren sawadhahe dibuntel ing rimonge sumampir ana ing pundhake.
35 Wong Israel iya padha nurut marang dhawuhe Nabi Musa, padha njaluki barang dandanan mas lan selaka duweke wong Mesir apadene sandhangan.
36 Dhasar Pangeran Yehuwah kang ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, temah padha nuruti sapanjaluke. Dadine wong Mesir prasasat dijarah-rayah.
37 Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.
38 Lan uga ana wong bangsa liya warna-warna kang padha melu, mangkono uga wedhus lan sapi akeh banget.
39 Mungguh jladren anggone nggawa saka ing tanah Mesir mau diolah digawe roti bunder tanpa ragi, marga jladrene ora nganggo dirageni, sabab metune saka tanah Mesir ora bisa kanti lon-lonan, temah ora nganti kober nyawisake sangu.
40 Mungguh pamanggone Israel ana ing tanah Mesir iku lawase patang atus telung puluh taun.
41 Sawuse patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakehe wadya-balane Pangeran Yehuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.
42 Bengi iku bengi lek-lekan kagem Pangeran Yehuwah, marga padha dientasake saka ing tanah Mesir; iya bengi lek-lekan kanggo sakehe wong Israel turun-tumurun kagem kamulyaning Pangeran Yehuwah.
43 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Iki pranatan Paskah. Wong bangsa liya ora kena melu mangan.
44 Dene sadhengah batur tukon iku lagi kena melu mangan angger wus sira tetaki.
45 Wong numpang lan wong buruh iya ora oleh melu mangan.
46 Paskah iku kudu dipangan ana ing sawijining omah, daginge ora kena digawa metu menyang ing sajabane omah sathithik-thithika, lan balunge aja sira coklek siji-sijia.
47 Sapasamuwane Israel kabeh kudu ngriyayake.
48 Nanging manawa ana bangsa liya kang tetep pamanggone ana ing tengahira lan sumedya ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, iku saben wong lanang kang ana ing omahe kudu ditetaki dhisik, sawuse lagi kena melu ngriyayakake, wong iku bakal dianggep wong asli, nanging wong ikutan ora kena melu mangan.
49 Mung ana pranatan siji kanggo wong asli lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”
50 Anadene sakehe wong Israel padha nglakoni kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun.
51 Lan trep ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir miturut sagolongan-golongane.