1 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:
2 “Lah Ingsun wus milih Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,
3 lan wus Sunpenuhi Rohing Allah, keahlian, kawasisan tuwin kawruh tumrap sawernaning pagawean,
4 bisa ngrancang pagawean barang mas, salaka lan tembaga;
5 nggosok sesotya supaya kena dipasang; ngukir kayu sarta nindakake sarupane gegawean.
6 Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:
7 Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,
8 kayata meja sapirantine, padamaran mas murni sapirantine lan misbyah padupan,
9 misbyah kurban obaran sapirantine, wadhah banyu satadhahane,
10 mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,
11 lenga jebad lan dupa wangi kanggo ing pasucen; iku kabeh kudu kagawe miturut plek kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.”
12 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa, mangkene:
13 “Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.
14 Kang iku sira padha netepana dina Sabat, awit iku dina suci tumrap sira; sing sapa nyawiyah kasucene dina Sabat, iku kaukuma pati, awitdene sadhengah wong kang nyambut gawe ing dina iku, wong kaya mangkono mau katumpesa saka ing satengahe bangsane.
15 Nem dina wong padha nindakna pagawean, nanging dina kapitu iku sabat, dina ngaso babarpisan, dina suci kagem Pangeran Yehuwah; sing sapa nindakake pagawean ing dina Sabat, iku kudu kaukum pati.
16 Kang iku wong Israel padha netepana dina Sabat, dina iku diriyayakna turun-tumurun, minangka prajanjian kang langgeng.
17 Iku dadia pratandha ana ing antarane Ingsun lan wong Israel kanggo ing salawas-lawase, awitdene sajroning nem dina anggone Pangeran Yehuwah karya langit lan bumi, lan ing dina kapitu Panjenengane kendel makarya perlu ngaso.”
18 Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.