1 Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.
2 Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa, nanging asmaningSun Yehuwah durung Sunsumurupake.
3 Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,
4 nanging Ingsun wus mireng uga bab wong-wong Israel anggone ditindhes dening wong Mesir, lan Ingsun enget marang prasetyaningSun.
5 Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.
6 Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.
7 Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”
8 Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israel, nanging padha ora ngrungokake marang pangandikane Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget abote iku.
9 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:
10 “Sira sebaa lan matura marang Pringon, raja ing Mesir, supaya nglilanana wong Israel metu saka ing nagarane.”
11 Nanging unjuke Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Lah tiyang Israel piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yen karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kaken ilat kawula.”
12 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israel lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israel iku padha diirid metu saka ing Mesir.
13 Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.
14 Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.
15 Anak-anake Lewi, miturut urut-urutane laire: Gerson, Kehat lan Merari. Lewi umure satus telung puluh pitu taun.
16 Anak-anake Gerson: Libni lan Simei, miturut gotrahe.
17 Anak-anake Kehat: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. Umure Kehat satus telung puluh telu taun.
18 Anak-anake Merari: Makhli lan Musi. Iya iku gotrah-gotrahe Lewi miturut urut-urutane.
19 Amram omah-omah karo Yokhebed, adhine bapakne, iku mbabar Rama Harun lan Nabi Musa. Umure Amram nyandhak satus telung puluh pitu taun.
20 Anak-anake Yizhar: Korakh, Nefeg lan Zikhri.
21 Anak-anake Uziel: Misael, Elsafan lan Sitri.
22 Rama Harun nggarwa Eliseba, anake Aminadab, sadulure Nahason, iku nglairake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
23 Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.
24 Eleazar putrane Rama Harun, njupuk somah salah sawijine anake Putiel, kang banjur nglairake: Pinehas. Iya iku para lajering kula-wargane wong Lewi miturut gotrahe.
25 Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”
26 Iya iku kang padha munjuk marang Sang Prabu Pringon raja ing Mesir, bab ngirid wong Israel metu saka ing tanah Mesir. Iya Nabi Musa lan Rama Harun iku.
27 Nalika Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah Mesir,
28 pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah; sira matura marang Pringon, Raja ing Mesir, bab kabeh kang Sundhawuhake marang sira.”
29 Nanging Nabi Musa munjuk ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Kawula punika rak boten saged micara, kados pundi Sang Prabu Pringon anggenipun badhe miyarsakaken atur kawula?”