1 Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,
2 tumuli dikatingali dening Sang Malaekating Yehuwah ing sajroning urube geni ana ing tengahe grumbul eri. Banjur uninga: grumbul eri iku murub, ewadene ora kamangsa ing geni.
3 Sang Musa banjur ngunandika: “Coba dakparanane daksatitekne sesawangan kang elok iku, apa sababe dene grumbul eri iku ora nganti kobong?”
4 Bareng Pangeran Yehuwah mirsa yen Sang Musa sumedya murugi nyatitekake, tumuli nguwuh saka ing satengahe grumbul eri, pangandikane: “Musa, Musa!” Unjuke Sang Musa: “Kawula nuwun, kula!”
5 Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”
6 Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.
7 Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.
8 Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
9 Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.
10 Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”
11 Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?”
12 Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”
13 Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?”
14 Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”
15 Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.
16 Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.
17 Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.
18 Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.
19 Ewasamono Ingsun mirsa, yen raja ing Mesir bakal ora nglilane sira lunga, kajaba manawa dipeksa sarana asta kang rosa.
20 Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.
21 Lan wong Mesir bakal Sundadekake loma marang bangsa iki, satemah samangsa sira padha lunga, mesthi ora klawan legeh.
22 Malah sawiji-wijining wong wadon njaluka barang dandanan selaka lan mas, apadene sandhangan marang wong wadon tanggane lan kang tunggal saomah, iku banjur sira anggokna anakira lanang lan wadon, mangkono anggonira bakal njarahi wong Mesir.”