1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.
2 Karodene sira cecawisa ngarepake wayah esuk lan manawa wus esuk sira munggaha ing gunung Sinai; sira ngadega ngadhepake Ingsun ana ing pucake gunung iku.
3 Nanging aja ana wong siji bae kang melu munggah karo sira, iya aja ana wong kang katon kumliwer ing sawratane gunung, sanajan wedhus utawa sapi, aja ana kang diengon ing sakubenge gunung iku.”
4 Nabi Musa banjur mrejeng papan watu loro kaya kang dhisik; ing wayah esuk tumuli wungu sarta minggah ing gunung Sinai, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, sarta ngasta papan watu loro mau.
5 Pangeran Yehuwah banjur tumendhak ana ing mega, tumuli jumeneng ana ing sacedhake Nabi Musa sarta nyebut asmaning Sang Yehuwah.
6 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur tindak langkung ngarepe sarta nguwuh-uwuh: “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane,
7 kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”
8 Nabi Musa enggal-enggal sumungkem konjem ing bumi sarta sujud,
9 unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
10 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.
11 Nanging sira netepana prentahingSun marang sira ing dina iki. Lah Ingsun bakal nundhungi saka ngarepanira, wong Amori, wong Kanaan, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
12 Poma, sira aja gawe prajanjian karo wong isine tanah kang bakal padha sira tekani iku, aja nganti wong iku padha dadi kala-jiret ana ing tengahira.
13 Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.
14 Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.
15 Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.
16 Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau.
17 Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.
18 Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.
19 Sadhengah kang lair dhisik dhewe, iku dadi kagunganingSun, uga sakehe kewanira kang lanang, pambarepe sapi utawa wedhus.
20 Nanging anake kuldi kang pambarep iku katebusa sarana cempe; saupama ora sira tebus, kaputunga cengele. Saben anakira pambarep kang lanang iku kudu sira tebus. Saben wong kang seba marang ing ngarsaningSun ora kena tanpa nggawa apa-apa.
21 Nem dina sira nyambuta gawe, nanging ing dina kapitu sira lerena; sanadyan ing mangsa mluku utawa panen sira iya kudu netepi dina palerenan iku.
22 Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.
23 Setaun rambah kaping telu sakehe wong lanang panunggalanira padha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,
24 awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.
25 Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.
26 Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”
27 Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”
28 Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.
29 Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.
30 Bareng Rama Harun lan sakehe wong Israel padha ndeleng Nabi Musa, kuliting pasuryane katon mencorong, banjur padha wedi nyedhaki panjenengane.
31 Nanging Nabi Musa tumuli nimbali wong-wong mau, temah Rama Harun lan sakehe para panggedhene pasamuwan padha bali sowan, banjur padha dipangandikani dening Nabi Musa.
32 Sawuse mangkono sakehe wong Israel iya banjur padha nyedhak uga, sarta padha dipangandikani bab apa kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah ana ing gunung Sinai.
33 Bareng Nabi Musa wus rampung anggone mangandikani wong-wong mau, banjur nutupi pasuryane kalawan kacu.
34 Nanging samangsa Nabi Musa sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah perlu imbal wacana, kacu mau diselehake nganti saundure. Dene samangsa wus ana ing jaba, apa kang wus kadhawuhake iku kawartosake marang wong Israel.
35 Manawa wong Israel ndeleng kuliting pasuryane Nabi Musa mencorong, Nabi Musa banjur nutupi pasuryane maneh nganti panjenengane lumebet ngadhep perlu imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.