17 Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”
18 Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta ndedonga marang Pangeran Yehuwah.
19 Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin saka keblat kang kosok-balen, yaiku angin kulon kang banter banget, iku nggawa mumbul walange kacemplungake ing sagara Teberau, nganti ora ana walang siji bae kang kari ana tlatahe tanah Mesir.
20 Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Israel padha lunga.
21 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana pepeteng kang nyrambahi tanah Mesir, nganti wong padha gagap-gagap ing sajroning peteng mau.”
22 Nabi Musa banjur ngathungake astane menyang ing langit, temah ana peteng ndhedhet ing satanah Mesir lawase telung dina.
23 Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.