Pangentasan 10:7-13 JAV

7 Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”

8 Nabi Musa lan Rama Harun banjur kasowanake maneh marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta padha dipangandikani: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira. Sapa bae satemene kang bakal padha lunga iku?”

9 Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”

10 Nanging Sang Prabu Pringon ngandika: “Pangeran Yehuwah kareben nunggal karo sira, yen ingsun nglilanana sira lunga dalah anak-anakira. Lah sedyanira iku ala!

11 Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

12 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratane tanah Mesir lan mangana saanane tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anane udan es.”

13 Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.