Pangentasan 10:9-15 JAV

9 Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”

10 Nanging Sang Prabu Pringon ngandika: “Pangeran Yehuwah kareben nunggal karo sira, yen ingsun nglilanana sira lunga dalah anak-anakira. Lah sedyanira iku ala!

11 Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

12 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratane tanah Mesir lan mangana saanane tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anane udan es.”

13 Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.

14 Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabeh padha neba ing satlatahe Mesir nganti akeh banget; sadurunge iku durung tau ana walang samono akehe lan ing tembe iya bakal ora kelakon mangkono maneh.

15 Sarehne walang-walang mau mratani salumahe tanah kabeh, mulane nagarane dadi peteng; walange padha mangani saanane tetuwuhan lan pala-gumantung sisane udan es, sakehe wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijone sathithik-thithika.