5 Nuli sakehe, anak pembarep ing tanah Mesir bakal padha mati, wiwit pembarepe Pringon kang bakal lungguh ing dhampare nganti tekan pembarepe batur wadon kang ngadhep watu panggilingan, uga sakehe pembarepe kewan.
6 Sarta ing satanah Mesir bakal ana udan tangis kang luwih dening ngeres-eresi, kang durung tau kelakon lan kang bakal ora kelakon maneh.
7 Nanging marang wong Israel sapa bae, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kewan, supaya sira padha sumurupa yen Pangeran Yehuwah mbedakake wong Mesir lan wong Israel.
8 Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget.
9 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Pringon ora bakal ngrungokake sira, supaya kaelokaningSun mundhaka akeh ana ing tanah Mesir.”
10 Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.