10 Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.
11 Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid lakumu lumebu ing tanahe bangsa Kanaan, kaya kang wus diprasetyakake klawan supaos marang kowe lan marang para leluhurmu, lan samangsa tanah iki wus kaparingake marang kowe,
12 nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.
13 Nanging saben belone kuldi kang pambarep iku tebusen nganggo wedhus gembel siji, manawa ora koktebus, cokleken cengele. Nanging sakehe pambarepe manungsa kang lanang iku kudu koktebus.
14 Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.
15 Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.
16 Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”