Pangentasan 13:15-21 JAV

15 Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.

16 Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”

17 Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”

18 Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.

19 Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”

20 Sawuse mangkat saka ing Sukkot, banjur padha leren ana ing Etam, ing pinggir pasamunan,

21 dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.