19 Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”
20 Sawuse mangkat saka ing Sukkot, banjur padha leren ana ing Etam, ing pinggir pasamunan,
21 dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.
22 Tugune mega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsir saka ing ngarepe bangsa iku.