8 Karomaneh ing dina iku kowe nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangeling-eling marang apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir.
9 Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.
10 Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.
11 Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid lakumu lumebu ing tanahe bangsa Kanaan, kaya kang wus diprasetyakake klawan supaos marang kowe lan marang para leluhurmu, lan samangsa tanah iki wus kaparingake marang kowe,
12 nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.
13 Nanging saben belone kuldi kang pambarep iku tebusen nganggo wedhus gembel siji, manawa ora koktebus, cokleken cengele. Nanging sakehe pambarepe manungsa kang lanang iku kudu koktebus.
14 Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.