17 Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono, anggone ngukupi ana kang akeh, ana kang sathithik.
18 Samono iku bareng ditaker nganggo gomer, kang ngukup akeh ora turah lan kang ngukup sathithik ora kurang. Saben wong pangukupe manut tadhahe.
19 Nabi Musa ngandika marang wonw-wong mau: “Aja ana kang ngengehake kanggo sesuke.”
20 Ewadene ana kang ora nggugu marang dhawuhe Nabi Musa, padha ngengehake nganti sesuke, nuli dadi set lan mambu bacin, mulane padha didukani dening Nabi Musa.
21 Sabanjure anggone padha ngukupi saben esuk. Saben wong manut tadhahe dhewe, awit samangsa kapanasan, banjur ledeng.
22 Ing dina kaping nem anggone ngukup roti tikel loro, wong siji rong gomer, nuli sakehe panggedhene pasamuwan padha seba ngaturi pirsa marang Nabi Musa.
23 Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon sesuke.”