7 Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”
8 Nalika samana bala Amalek teka lan nempuh perang nglawan marang wong Israel ana ing Rafidim.
9 Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”
10 Yusak tumuli nglakoni sadhawuhe Nabi Musa, perang nglawan wong Amalek, nanging Nabi Musa, Rama Harun lan Hur padha munggah menyang ing pucake gunung.
11 Kacarita samangsa Nabi Musa anggone ngangkat astane dhuwur, Israel unggul, nanging samangsa ngandhapake astane, Amalek kang unggul.
12 Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.
13 Kaya mangkono anggone Yusak ngalahake wong Amalek kalawan landhepe pedhang.