5 Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,
6 banjur utusan matur marang Nabi Musa: “Aku, Yitro, mara-tuwamu, teka mrene tilik sliramu karo kang rayi lan kang putra-putra.”
7 Nabi Musa banjur medal methukake mara-sepuhe, sumungkem lan ngaras; sawuse bage-binage mungguh ing bab kasugengane, banjur padha lumebu ing tarub.
8 Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.
9 Imam Yitro rena panggalihe mireng bab sakehe kamirahan kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, yaiku anggone wus ngluwari saka ing tangane wong Mesir.
10 Pangandikane Imam Yitro: “Pinujia Pangeran Yehuwah kang wus ngluwari sliramu kabeh saka ing tangane wong Mesir lan saka ing astane Sang Prabu Pringon.
11 Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”