2 Sawuse padha mangkat saka Rafidim, banjur tekan ing pasamunane gunung Sinai, lan padha leren ana ing kono; wong Israel anggone padha masang tarub ngadhepake gunung Sinai.
3 Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:
4 Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.
5 Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.
6 Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangake marang wong Israel.”
7 Sawangsule Nabi Musa tumuli nimbali para tuwa-tuwaning bangsa mau, padha diparingi sumurup bab sakehe pangandika kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.
8 Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”