1 Ana wong lanang turune Lewi omah-omah karo wong wadon iya turune Lewi;
2 wong wadon iku tumuli ngandhut sarta nglairake anak lanang. Bareng weruh yen bayine iku bagus, nuli didhelikake nganti telung sasi lawase.
3 Nanging sarehne sabanjure wus ora bisa didhelikake maneh, mulane dijupukake pethi pandhan, dipopok nganggo aspal lan tir, bayine banjur diselehake ing jerone, sarta pethi iku mau nuli didokok ing satengahe wlingen ing pinggir bengawan Nil.
4 Bakyune ngadeg kepara adoh karo ngawat-awati lan arep weruh kapriye bakal kadadeane.