6 Bareng dibukak, mirsa bayine lagi nangis, temah runtuh welase sarta ngandika: “Bayi iki genah anake wong Ibrani!”
7 Bakyune banjur matur marang putrine Sang Prabu Pringon: “Punapa kawula kepareng madosaken panjenengan dalem inya tiyang Ibrani ingkang nesepi bayi punika?”
8 Paring wangsulane putrine Sang Prabu Pringon: “Iya becik!” Prawan mau tumuli lunga ngundang ibune bayi iku.
9 Sang Putri banjur ngandika marang wong wadon iku: “Bayi iki gawanen, susonana; kowe bakal dakwenehi pituwas.” Wong wadon mau banjur nggawa bayine disusoni.
10 Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”
11 Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.
12 Sawuse ngawasake ngiwa-nengen lan uninga yen ora ana wong, wong Mesir mau banjur dipateni, jisime dipendhem ana ing pawedhen.