1 Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:
2 “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.
3 Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.
4 Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.