3 Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.
4 Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.
5 Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,
6 nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.
7 Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.
8 Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,
9 nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,