5 Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,
6 nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.
7 Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.
8 Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,
9 nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,
10 nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.
11 Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.