1 “Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.
2 Manawa ana maling konangan lagi mbabah, banjur dipenthungi nganti mati, iku kang menthungi ora utang getih,
3 nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih.Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.
4 Yen kang dicolong iku katemu isih urip, dadia sapi, kuldi utawa wedhus, iku kudu dilironi tikel loro.