19 Sing sapa laku jina karo kewan, kudu diukum pati.
20 Sing sapa sesajen marang para allah lan ora marang Pangeran Yehuwah, kudu disirnakake.”
21 “Sira aja nguya-uya utawa nindhes wong neneka, marga sira dhewe iya wus ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.
22 Sira aja nganiaya randha utawa bocah lola.
23 Yen nyata sira nganiaya, mangka iku kalawan sora sesambat marang Ingsun, mesthi bakal Sunsembadani pasambate,
24 nuli bakal tuwuh bebenduningSun, sarta sira bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, temah somahira padha dadi randha lan anak-anakira padha lola.
25 Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.