28 “Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.
29 Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.
30 Mangkono uga mungguh sapi lan wedhusira, anak-anake padha worna karo embokne pitung dina, ing wolung dinane saosna marang Ingsun.
31 Sira padha dadia wong suci kagunganingSun: sira aja padha mangan daginge kewan kang kasempal-sempal kewan galak ana ing ara-ara, iku sira pakakna asu.”